Kamis, 19 Mei 2011

TRADISI NYADRAN

A.   PURWAKA
Tradisi Jawa pancen unik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe. Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene.
Kanggo wong jawa kagiyatan taunan sing jenenge nyadran utawa manganan iku ungkapan refleksi social-keagamaan. Iku kabeh dilakoni karo salahsawijining masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro iku dianakake kanggo ziarah ning makam leluhur. Manganan iki salah sijine wujud pelestarian warisan tradisi lan budaya nenek moyang. Tradisi nyadran iku symbol anane gegayutane karo para leluhur lan Mahakuasa. Manganan utawa nyadran iku ritual antarane budaya lokal lan nilai-nilai islam saengga manganan isih ditindakake kanthi cara islami.
Amarga budaya masyarakat iku wus ngraket dening masyarakat ndadekake masyarakat jawa njunjung tinggi nilai-nilai luhur kabudayaan. Saengga ora dadi kagete maneh yen nyadran isih ana budaya Hindhu-Budha lan animisme sing diakulturasikne kro nilai-nilai islam.
Acara nyadran iku erat kaitane kaliyan adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen masyarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah sijine wisata budaya sing adi luhung. Apa maneh tradisi kasebut nganti saiki isih ditindakake lan nduweni nilai islami. Buktine, kayata masyarakat desa Sambong, senajan wus akeh sing agamane islam nanging wektu nindakake ritual nyadran utawa manganan isih nganut budaya biyen. Salah sijine yaiku tasyakuran ning panggon-panggon sing dianggep keramat karo masyarakat.

B.   ANDHARAN
Tradisi nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku. Yen ing desa Sambong manganan iku dianakake ing pesarehan mBah Gerit, masyarakat ing kana nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat desa Sambong yen nganakake manganan saka wujud rasa syukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ing pesarehane mBah Gerit. Sakliyane mengeti nyadran utawa manganan sing nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad yaiku supaya ora ana gangguan roh jahat lan mahluk alus.
Lumrahe sawise nganakake manganan utawa nyadran, masyarakat uga nganakake hiburan. Hiburane uga beda-beda. Ana sing nanggap tayuban, wayang kulit, wayang krucil utawa wayang golek sing miturut wong jaman biyen iku senengane Danyang desa. Yen ing desa Sambong lumrahe masyarakat ing kana nganakake wayang ing panggonan sing digawe acara manganan utawa ing omahe Kepala desa.
Kagiyatan manganan iki dipengeti karo masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro kanthi turun temurun. Tradisi nyadran utawa manganan iki wus ana awit jaman biyen, tepate ing jaman kerajaan. Masyarakat Bojonogoro isih nduweni kapercayaan ngenani cariyos kuna saengga nyadran isih dipengeti senajan wus katerak owahing jaman.
Tradisi nyadran tumrap wong jawa dianggep wigati banget. 
Umume ditindakake ing sasi Ruwah (saka tembung arab arwah)
. Tradisi nyadran ora bisa pisah karo kembang utawa sekar. Mula ana istilah nyekar para leluhur nganggo uba rampe kembang (mawar, kenanga, mlati, telasih lan liya-liyané). ana ing bebrayan, kembang dadi pratandha (lambang, simból) sesambungan utawa talirasa tresna, asíh, dúhkita, sungkawa lan liya-liyane. Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki. 
Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari tekan saiki lan dipepetri deníng masyarakat, khususe ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduweni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur. 
Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mula bukane saka tembung latin tradere utawa tradition tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).

Uba Rampe Nyadran
Ing sajrone nganakake manganan ana syarat uba rampe sesaji sing kudu ana. Uba rampe iku yaiku apem, ketan lan kolak. Telung sesajen iku dimaknai kanthi cara islami. Apem iku saka tembung Afuan ing tegese ampunan. Ketan iku saka tembung khoto’an sing nduweni teges putih lan suci, yen kolak saka tembung kholaqo sing tegese ang Pencipta. Saka telung sesajen iku dimaknai kanggo symbol eling marang Gusti. Nanging yen masyarakat jawa negesi yen kolak iku tegese ojo ditolak artine apa sing dadi panjaluke moga-moga ora sampek ditolak. Ketan tegese raketa yaiku supaya doa kawulo manunggal dening Gusti. Telung sesajen pokok iku uga ditambahi karo tumpeng lan sego kaliyan lauk kayata iwak pitik.
Apem, ketan lan kolak iku saliyane dadi uba rampe sing wajib uga digunakake munjung (ater-ater) kanggo dulur-dulure sing luwih tuwa lan tangga teparuhe. Saka iku nuduhake yen iku kabe dilakoni masyarakat wujud rasa solidaritas lan sosial marang wong liya.

Tata Cara Upacara Nyadran
Ing nyadran, sadurunge acara inti lumrahe ing desa Sambong masyarakat sing ana ngresiki panggonan sing digawe nganakake acara nyadran. Sawise ngresiki, masyarakat kampong nggelar kenduri ing panggonan Mbah Gerit utawa panggon kosong sing ana sakiwa tengene panggon upacara nyadran. Saben kulawarga lumrahe nggawa macem-macem panganan, banjur lungguh bareng-bareng ing pesarehan kanthi sila. Banjur kepala desa mbukak acara sing isine iku nduweni maksud ngucapne rasa syukur lan matur suwun marang wargane sing wus gelem nggawa jajan lan tumpeng (ambengan) uga wus gelem nyempatne melu upacara nyadran.
Saka tata cara iku, cetha yen nyadran iku ora amung ziarah ing pesarehane leluhur nanging uga nduweni nilai-nilai social budaya kayata gotong royong, guyub. Saengga nyadran iku bisa ningkatne ngrembakane kabudayaan Jawa lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka utawa tetep lestari. Kanthi cara sosio-kultural, upacara nyadran iku ora bisa kaanggep ngresiki pesarehan leluhur, slametan (kenduri), nggawe apem, kolak, lan ketan sing dadi sesaji. Nyadran utawa manganan iku ndadekake silaturahmi kulawarga tetep utuh lan dadi transformasi sosial, budaya, dan keagamaan. Saka ndhuwur iku cetha yen ana hubungan kekerabatan, kebersamaan, kasih sayang antarane warga. Sawise iku mBah Moden sing wus dipilih dadi rois mimpin donga sing isine nyuwun sepura lan ngapura marang leluhur lan marang Tuhan Yang Mahakuasa. Dongane nggunakake tata cara agama islam lan warga sing ana padha ngamini.
Sawise donga iku rampung, kabeh warga Sambong sing ana ing panggonan upacara manganan iku mbagi-mbagi tumpeng sing wus digawa. Saliyane iku, para warga uga padha barter jajan sing digawa, padha omong-omongan utawa guyon-guyonan. Banjur sing ora bisa melu utawa warga sing ora mamu ing desa Sambong diwenehi tumpeng (berkat) lan jajan kanthi cara diwenehne ning omahe.

C.   PANUTUP
Nyadran utawa manganan yaiku ungkapan kesalehan social masyarakat sing nduweni rasa gotong royong lan solidaritas sing dadi tujuwan utamane tradisi iki. Saliyane iku, nyadran uga bisa ningkatne hubungan marang Gusti lan masyarakat social saengga bakal ningkatne rembakane kabudayaan lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka maneh. Manganan iki uga dadi salahsijine dalan kanggo njaga silaturahmi antarane masyarakat. Yen manganan iki dtiingkatne maneh rasa sosiale masyarakat Indonesia iki bisa bener-bener dadi rukun, ayom-ayem lan tentrem.
Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, senajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.
Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur.

1 komentar: